Guyon Dermayu : Ayam Afrika

Rabu, 22 Juni 2011 0 komentar

Ayam Afrika

Mbok Rasmi tas bedug dhuhur masih nguplek bae ning pawon. Deweke masih wedi ngurubaken kompor gas bagian pemrentah. Kayu oli rencek ning karang pinggir kali cimanuk dislorogaken sanjerone geni. Mbok Rasmi lagi nggodog boled kesenengan lakine. Maklum bae delat maning Mang Rasgan balik sing lautan. Kebul pawone Mbok Rasmi gawe sesek ning dada. Pantes bae mbokke Nang Doplong kih sering watuk lan sesek ambekan. Ukuppe nembus meng para, nempel ding pager, jagate ireng kabeh.

Nang Doplong: Mie....... lagi apa sih mie....? Jagate sampe peteng dedet. Kalesan wong bengen senenge obong-obongan ning pawon gawe ambekan sesek lan suker pendelengan.

Mbok Rasmi: eeeeeh.... t eka-teka bli malah asalamualaiku malah sawat sewot blikaruan. Mimi gan pada sesek ari due anak blingarti tata krama kuh nang.

Nang Doplong: Mie...Mie.... salam ....salam mengkonon kuh jadul. Kang penting sekien wayae mangan. Gage mie, senange pengen mangan!

Mbok RAsmi: MAngan ya mangan nang met ta dewek bae ning sarong. Wis gede kudu bisa apa apa dewek, rewangana mama lan mimie nang. Mimie wis tuwa sapa kang bakal ngurus mama lan kebutuhane senang.

NAng Doplong: (KAro mbuka Sarong) lah....segae kari setitik, lawue tempe maning tempe maning tempe, sekali-kali tuku ayam amerika sih ma.....!

Mbok RAsmi: Ayam Amerika sih sing kayang apa?

Nang Doplong: Kaen kah ma... sing digoreng karo glepungan garing, enak pisan Ma...!

Mbok Rasmi: oh.... panganan sing jare ana ning Mol-mol tah nang?

NAng Doplong: Iya Ma..... gawe mbuh tuku sih ma... aja tempe tahu bae bisa-bisa otake senang otak tempe ma.....! Sekali-kali nggoreng ayam landa kena ma....!

Mbok RAsmi: Mbuh gah NAng, Mimi sih werue Ayam Afrika

NAng Doblong: Ayam Afrika sih ayam apa?

Mbok RAsmi: Cemani! Wis gah mana gage dipangan. Sing ana bae dikit. Rumasane dadi anake wong ora due aja kakeen reka. Sing akeh dedonga samberan Mamangira along, olih raman sing
akeh. Maklum jare batur-bature wulan sekien lagi pada paila.

*Ki Tapa

 
keker-news © 2011 | Designed by Oktoral, Kunjungi juga Teropong News.